Apa iku pawarta? Pawarta yaiku teks kang isine kabeh prastawa (kejadian) kang kedadiyan ing dunya kang digiyarake lumantar maneka warna media.
Struktur pawarta yaiku :
Orientasi : isine pambuka saka prastawa kang disiarake ing teks kasebut
Prastawa : bagian kang isine babagan proses kedadeyan saka awal tekan pungkasan.
Sumber Pawarta : saka ngendi asal sumber pawarta kasebut tuwuh ( didapat ).
UNSUR - UNSUR PAWARTA
1. What ( Apa kang dumadi) tegese apa isine pawarta
2. Who ( sapa ) tegese sapa kang ana sajroning pawarta
3. Why ( kenapa) tegese keneng apa prastawa bisa kedadeyan
4. When ( kapan dumadine) tegese kapan prastawa dumadi
5. How ( kepiye) tegese kepriye prastawa bisa dumadi
6. Where ( ing ngendi) tegese ing ngendi prastawa dumadi
WUJUD PAWARTA
1. Wujud cetak
2. Wujud siaran
3. Wujud lisan
Tuladha pawarta :
Banjir Bandang ing Batu Malang
Banjir Bandang ing Batu,Malang kedaden ing dina Kamis ( 4/ 11) jam 14.00. Banjir mau nyebabake pira - pira kerusakan lan ana warga kang kinthir. Banjir bandang kedaden ing enem titik, yaiku kecamatan Bumiaji, dusun Bulukerto, dusun Sumber brantas, lan dusun Punten. Ing Kecamatan Batu banjir bandang kedaden ana ing Dusun Sidamulya lan daerah selekta.
Banjir bandang mau amarga udan deres. Para warga pada ngungsi ing balai RW, sitik - sitike 400 warga ngungsi. Amarga banjir bandang mau ana 15 wong kang kinthir, papat wis ditemuake kanthi selamet, nuli liyane durung ditemuake.
Komentar
Posting Komentar